Durung tau weruh kaya kaya wis wanuh
Arane wae wis ngundang wedi angudubillahi
Bleger manungsa tan napak bumi
Nyat katon nyat ora katon
Memba warna sakarepe
Jagade jagad peteng
Penganggone putih-putih
Jeroane ireng. Audzubillahi
Bleger manungsa tan napak bumi
Bocah cilik mbergidik githoke mengkirig
Saking wedine ngrungu arane
(Anie Soemarno)
Majalah Panjebar Semangat No. 41 - 8 Oktober 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar