Kabupaten Lumajang isih kalebu wewengkon Provinsi Jawa Timur kang dununge cukup strategis, amarga dumunung ing antarane kutha telu, yaiku Malang, Probolinggo, lan Jember. Rakyat Kabupaten Lumajang dumadi saka Suku Madura lan Suku Jawa, mula saka iku leloro bahasa dhaerah Madura lan Jawa digunakake sacara bebarengan. Upacara adat kang dakaturake ing kene asale saka Desa Penthungbulus, Kecamatan Tempeh (cedhak karo Gunung Semeru). Upacara adat kasebut yaiku: “Panebusing Bayi Julung Caplok”, minangka perangan saka kultur Jawa kang sifate agraris banget.
Tembung “Julung” ing kamus bahasa Jawa-Indonesia (S.Prawiroatmodjo, 1981:194) ateges “wis takdir”, bakal pikantuk bilahi amarga lair ing wektu kang ora becik. Yen nitik saka kriteria wektu (Jawa-banget) bayi kang lair ing wektu kang ora pas, kaperang dumadi 6 macem:
1. Julung Kembang, bayi kang lair bebarengan karo srengenge mlethek. Bayi iki ditakdirake bakal ketemu kewan galak.
2. Julung Pujut, jeneng wuku (saka sijine planet) kang ka-15 (bayi lair ing wektu kasebut).
3. Julung Sarap, bayi kang lair ngarepake surup.
4. Julung Sungsang, bayi kang lair pas jam 12 awan
5. Julung Wangi, jeneng wuku (salah sijine planet) kang ka-9
6. Julung Caplok, bayi kang dilairake ing wektu srengenge angslup.
Adhedhasar kapercayan kasebut, mula bayi “Julung Caplok” laire ing dina “Selasa Paing” kudu ditebus kanthi upacara mligi, supaya bisa bebas saka maneka ancaman ing dhuwur. Kepercayaan kang ana sambung rapete karo klairane bayi Julung Caplok yaiku karma utawa paukuman krana tumindake wong tuwane. Kanthi mangkono upacara panebusan kang dimaksud kanthi tujuwan:Adhedhasar kepercayaan lokal ing dhaerah Penthungbulus, masyarakat ing kana ngyakini yen saben manungsa kang dilairake ing bumi mesthi duwe “sedulur” yaiku kakang kawah (banyu ketuban) lan “adhi ari-ari” (plasenta). Manungsa ing bumi ana ing keblat “papat” lan kang ka-5 yaiku “pancer” (pusat). Ing wektu uripe, manungsa tansah dijaga dening roh pamomong. Roh pamomong iki jumlahe pitu, secara giliran ngancani saben manungsa kanggo njaga keslametane. Roh pamomong uga diyakini jinis kelamine lanang lan wadon. Pepitu roh pamomong kang njaga, jinis kelamine ora tansah padha, contone sing lanang loro, sing wadon ana lima. Bayi sing dilairake “Julung Caplok” ing dina “Selasa Paing” dijaga dening malaikat pamong (roh gaib sing njaga manungsa) kang kabeh jinis kelamine wadon. Ciri bayi iki yaiku gampang kena gangguan penyakit, gampang diganggu dening lelembut lan sajinis dijanjekake dadi panganane kewan contone macan (yen ing alas), baya utawa ula (yen ing danau, kali gedhe utawa segara).
1. Nyuwun pangapura marang Gusti Allah Supaya dibebasake saka maneka tumindak dosa sakarone wong tuwa si bayi.
2. Nyuwun marang Gusti Allah supaya bayi kasebut dibebasake saka maneka bebaya kang ora dikarepake.
3. Nyuwun marang Gusti Allah supaya bayi kasebut diparingi berkah urip donya akherat, sarta umur langgeng ing bumi.
TATA URUT UPACARA
1. Wektu-wektu bayi dilairake lan persiapan upacara
2. Upacara “Penebusing Bayi Julung Caplok”
Bayi digawa menyang papan upacara ruwat.
Susunan prosesi diatur mangkene:
a. Pembabat margi/penunjuk dalan utawa cucuk laku.
b. Dhukun lan pembantune (pemimpin upacara)
c. Kang kapatah nggawa “dammar kembang” dumadi saka kenya cacah pitu, minangka lambang roh pamomong bayi.
d. Kang kapatah nggawa sesaji, kenya cacah papat.
e. Wong tuwa bayi, simbah putri lan kakung (eyang leloro).
f. Barongan (ing istilah seni jaranan ing Lumajang, kinaran jepaplak utawa gumbing) telung penjuru minangka lambang roh jahat kang ngancam panguripane bayi.
g. Kang kapatah nggawa tumpeng, wedhus kendhit, damar kembang, pisang ayu, suruh ayu, lan kambil sarta benang lawe. Wedhus kasebut minangka tebusan banjur diculake lan pungkasane kanggo rebutan masyarakat kang ngestreni upacara. Pawongan kang sepisanan nyekel kang duwe hak nduweni wedhus kasebut.
3. Masrahake bayi saka wong tuwa marang dhukun, sabanjure dianakake upacara ruwat utawa panebusan bayi.
4. Ngucapake donga (mantra), slametan lan ngeculake wedhus.
5. Sumbaran pamong.
6. Upacara paripurna, tamu undhangan bali menyang omahe dhewe-dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar