Sakwise oleh kekancingan minangka Sultan Pajang kanthi gelar Kanjeng Raden Adipati Suradi Joyonagoro, mula ing kraton iki banjur nggelar upacara tradhisi Grebeg Syawalm kaya ing kraton-kraton liyane. Prosesi ritual sepisanan dianake dening kraton anyar iki, nduweni pangajap supaya bisa nyengkuyung budaya lan njawijine antarane gusti lan kawulane, sing saksuwene iki dianggep nduweni rasa egois individual.
Prosesi ritual Grbeg Syawal Kraton Pajang sing manggon ing tlatah Makam Haji, Kartasura, Sukoharjo, Jateng iku digelar durung suwe iki kanthi ditengeri dening metune jodhang gunungan sejodho lanang-wadon, memperkaya tradhisi ing kraton-kraton Nusantara liyane.
Nalika PS nekani ing kraton sing lagi wae madeg ing tanggal 4 Mei 2011 kepungkur, sing persise manggon ana saklore Sukoharjo, wis katon puluhan para paraga sing kajibah ngayahi kewajiban ing njero benteng kraton sing dibangun dhwew dening KRA Suradi iku. Pas wanci jam 11.00 WIB Suradi sing nganggo pakeyan kebesaran Adipati, sing diiringi dening welasan punggawa mlebu ing Bale Agung. Ing njero gedhung Bale Agung kuwi wis dienteni para ngulama lan tamu undangan sing bakal ngestreni upacara ritual Grebeg Syawal iki. Para punggawa kabeh uga katon nganggo busana Jawa jangkep. Sing wadon nganggo jarit lan kebaya ireng kanthi kalungan samir, minangka tandhane punggawa kraton kono. Semono uga sing priya uga padha bebedan, beskapan lan blangkonan.
Ing ngarep lawang Bale Agung wis sumadiya jodhang gunungan loro, sing siji sing isine kupat kinaran gunungan wadon lan jodhang sing isi buah-buahan lan palawija kayata apel, jeruk, salak, terong, kacang, rempah-rempah sayuran diarani jodhang lanang. Para paraga sing maune padha gemremeng omong-omongan banjur cep klakep! meneng, nalika Suradi sing didampingin wanodya isih enom sing nganggo kebaya abang jumangkah mlebu ing Bale Agung.
Kanthi mengkono mertandhani yen prosesi ritua; Grebeg Syawal kang digelar ing Kraton Pajang wis arep diwiwiti. Mula puluhan punggawa banjur mbentuk iring-iringan, persis kaya wong kang lagi arak-arakan ngiring temanten, sing dicucuk lampahi dening sepasang jodhang kasebut sing saben sak jodhange dipikul dening pria cah papat. Suradi dhewe ora melu ing arak-arakan kuwi, dheweke lungguh ing "dhampar kencana" ing njero Bale Agung, kanthi dikancani keluwargane, yaiku anak-anak lan putune.
Jodhang sakjodho mau diarak metu saka kraton Pajang menyang patilasan, pertapane Jaka Tingkir sing mbiyene nate dadi raja ing Kraton Pajang iki. Jodhang mau disanggarake sawetara kanggo jaluk palilah marang para dhayang sing 'tunggu' petilasan sing dikeramatke kuwi. Adohe saka gapura Kraton Pajang menyang pundhen petilasan mau udakara 300 meteran. Upacara ritual njaluk palilah mau dipandhegani dening juru kunci petilasan kono.
Kanthi mbakar dupa wangi lan ing pinggire wis cemawis ubarampe sesaji kembang setaman lan menyan ratus, ing suwasana tidhem kuwi Jasmin banjur komat-kamit maca mantra njaluk palilah marang para lelembut sing dadi dhanyang ing areal kono. Manut Jasmin sing ditemoni dening PS sakwise rampung maca donga palilah ngandhakake, njaluk palilah ing panggonan iki perlu dilakoni, Minangka unggah-ungguh lan kulanuwune manungsa marang para siluman lan makhluk gaib liyane. "amarga kita arep mlebu ing tlatahe samubarang gaib ning kene, supaya ora ndadekake nesune para lelembut kene, saengga ora nggawa godha lan rencana ing upacara ritual Grebeg Syawal sing bakal kawiwitan iki," Jasmin njlentrehake. Dadi manut kandhane Jasmin, sakdurunge Kraton Pajang iki dibangun dening Suradi, wis atusan taun petilasan pundhen kratone Sultan Hadiwijaya iki madeg. Saengga bab menenhi caos dhahar marang para dhanyang kuwi wis lumaku wiwit jaman jambejuja, minangka sarana tolak balak, sadurunge wong-wong mau padha ngalap berkah ing kono. Awit pundhen kuwi ing dina tinamtu ing wayah bengi akeh diparani para peziarah sing butuh ngalap berkah kanthi pangajap dhewe-dhewe. "Ing kene ramene ing malem Jumat Legi lan Selasa Kliwon, atusan wong pada tirakat," ujare Jasmin.
Sakwise para punggawa Kraton Pajang mau menehi caos dhahar, njaluk palilah marang para lelembut banjur bali meneh ing Bale Agung karo ngusung jodhang gunungan, saperlu didongani nganggo cara Islam, sing dipimpin dening ngulama kraton. Prosesi ndedonga mau katindakake ing ngarepe Sultan Pajang, KRA Suradi Joyonegoro sing uga melu ngamini. Watara 10 menit upacara ritual ndedonga mau, jodhang sajodho banjur digawa metu kanggo rayahan dening para kawula lan masyarakat sing kebeneran lagi ana kono. "Cara iku minangka simbul rasa katresnane Raja marang kawulane." jelase.
Nanging panemu iku beda karo sing dikandhakake Agung Santosa, sekretaris panitia penyelenggara Grebeg Syawal Kraton Pajang marang PS sing nemoni ing sela-selane kerameyan Grebeg Syawal iki. Manut panemune ritual rayahan utawa rebutan kupat, woh-wohan, sayuran lan palawija iku nggambarake tumindak srakah, pengin nguwasani, egois lan rumangsa menang dhewe. Mula saben wong padha rebutan isine jodhang kuwi kanthi adu kekuwatan, saengga bisa oleh isine jodhang mau sak akeh-akehe, ora peduli marang sapa wae sing ana sandhinge. Beda maneh karo panemune negoro, nadyan ana rasa egoisme saka saben wong rebutan, nanging tetep guyup lan rukun ora ana perpecahan, padudon, apa maneh regejegan. Mula bisa diibaratake cara iku kanggo mujudake harmonisasi kerukunan antara sing duwe lan sing kesrakat, uga kawula marang Gustine lan sewalike saka Gusti marang kawulane. "Kayadene madege maneh Kraton Pajang iki, kepriye wae tetep butuh nyambut gawe lan disengkuyung bareng, supaya budaya bangsa iki tetep lestari. Mula para pihak sing kepengin nganakake dhiskusi, dialog, sing tujuwane sayuk lan rukun ing kene menehi kalonggaran kanthi tangan tinarbuka," kandhane KRA Suradi.
Majalah Panjebar Semangat No. 41 - 8 Oktober 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar