Selasa, 23 Desember 2014

Upacara Cukur Rambut Gimbal

Ing Dieng, ana tradisi rutin saben taun yaiku upacara ruwatan cukur rambut gimbal bocah-bocah. Acara taunan iki terkenal tekan mancanegara. Miturut kepercayaan, acara ruwatan iki ana kaitane karo legenda Kyai Kolodete. Kyai Kolodete iki pendiri Kabupaten Wonosobo sing pertama ngadakake upacara ruwatan sakdurunge nyukur bocah-bocah sing rambute gimbal, amarga konon bocaj-bocah sing rambute gimbal kuwi dianggep bisa nggawa musibah, nanging yen diruwat bocah-bocah kuwi dipercaya bisa nglancarake rejeki. Yen bocah sing dicukur ora nglakokake ruwatan dhisik, banjur rambut sing tukul sakwise dicukur bakal tetep gimbal lan bocah kuwi bisa lara-laranan.

Upacara kuwi dilakokake adhedhasar weton (dina laire bocah) ananging upacara dilaksanakake diitung adhedhasar neptu (nilai lair bocah sing diruwat) karo persiapan khusu kayata panggonan upacara lan barang-barang sesaji. Sesaji sing biasane disiapake kanggo upacara iki yaiku tumpeng, ingkung pitik (pitik gedhe utuh), gunting, mangkok lan banyu sing isine kembang setaman, beras, dhuwit 2, payung, tumpeng putih karo dihiasi woh-wohan sing ditancepake, jajanan pasar karo 15 macem ombe kayata kopi legi lan pit, teh legi lan pait, selasih, susu, jawawut lan apa sing dijaluk bocah sing arep diruwat. Panggonan upacarane ning Goa Semar sing ana ing area obyek wisata Telaga Warna.

Acara ruwatan iki dibuka karo sambutan salah siji pelaksana upacara. Sakwise sambutan, prosesi upacara dimulai. Diiringi gamelan, sang dukun mulai ngadusi bocah sing rambute arep dicukur. Banyu sing dinggo karo dukun kanggo ngadusi bocah iki dijipuk saka sumber mata air sing dianggep bertuah ning Dieng, Wonosobo, Jawa Tengah. Sakwise diadusi, sesaji-sesaji sing arep dinggo wektu prosesi upacraa ruwatan disiapake. Tumpeng dianggep sirah, dene untaian woh-wohan minangka rambut gimbale. Ana pitik kampung sing wis digoreng (bakakak), jajanan pasar karo 15 ombenan.

Sakwise sesaji lengkap, banjur sang dukun ndonga, banjur ngasapi sirah bocah sing arep dicukur nganggo asap kemenyan sing wis didongakake. Sakwise kuwi, dukun nyukur rambut gimbal bocah kuwi nanging sakdurunge dicukur sang dukun nglebokake cincin sing dianggep magis ning tiap helai rambut gimbal bar kuwi dicukur siji-siji.

Rambut-rambut sing wis dicukur mau dibungkus nganggo kain putih terus dilarung ning Telaga Warna utawa kali sing ana ning Dieng.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar