Upacara tradhisi sing dilaksanake warga Desa Nglurah, Kecamatan Tawangmangu, Karanganyar ing dina Selasa Kliwon wayah wuku Dhukut, utawa nem lapan sepisan ing pranatane petung Jawa, minangka wujud muji syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Kejaba saka iku, uga minangka srana mengeti para leluhur sing dadi cikal bakele desa Nglurah Lor lan Nglurah Kidul.
Miturut kandhane Krama Pawiro, salah sijine pawongan soko desa Nglurah Lor, tradhisi sing diarani Dhukutan iki wis katindakake wiwit biyen mula.

Situs Menggung
Gegayutan karo tradhisi kasebut, kacritakake dene biyen nate ana pwongan asma Narotama kang uga karan Kyai Menggung. Sebutan Kyai Menggung sejatine mono saka laku prihatine Narotama sing duwenui karep Manunggal Maneges marang Gusti, nalika dheweke ndherek Prabu Erlangga.
Nalika Narotama manggon ana tlatah Nglurah Lor, ana sawijining estri kang dumunung ana Nglurah Kidul, kang tansah gawe mangkeling ati. Jenenge Nyai Rasa Putih, lan tansah congkrah klawan Narotama. Lelorone padha disengkuyung warga desane dhewe-dhewe.

Warga ngenteni tawur sesaji
Anyel nanging tresna. Sanadyan Narotama lan Nyai Rasa Putih padha cecangkrahan, nanging sejatine lelorone nduweni rasa tresna. Mula anggone cecongkrahan ora suwe, banjur wong loro malah padha sarimbit bebrayan omah-omah. Anggone dadi penganten milih dina Selasa Kliwon wayah Dhukut.
Hya mulane tradhisi Dhukutan katindakake ing dina Selasa Kliwon, lan ing petungan Jawa ngepasi wayah Dhukut. Sajroning acara Dhukutan ana kang diarani tawur sesaji, antarane warga desa Nglurah Lor klawan Nglurah Kidul. Tawuran kasebut kanggo mengeti cecongkrahane Narotama klayan Nyai Rasa Putih.

Upacara Dhukutan
Kejaba wujud pengetan, tawur sesaji kanggone warga desa uga katujokake minangka panulak sengkala, utawa nulak bala. Amrih anggone padha golek sandhang pangan tansah gancar lan antuk rejeki kang linuber. “Wengine sarampunge upacara tradhisi Dhukutan, ono ing Candi Menggung digelar ringgit wacucal sewengi natas,” ujare pak Kromo.
Pagelaran ringgit iki, miturut pak Kromo, uga minangka wujud panuwune warga desa marang Gusti, awit kaparingan rejeki. Mula para warga nglumpukake saperangan rejekine banjur dinggo nanggap wayang.
http://www.panjebarsemangat.co.id/tradhisi-dhukutan-ing-candi-menggung
http://www.panjebarsemangat.co.id/tradhisi-dhukutan-ing-candi-menggung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar