Sawetara wektu kepungkur, ing Desa Bendar Kecamatan Juwana Kabupaten Pati Jawa Tengah, kang kondhang minangka tlatah dumununge para kadang nelayan, ngadani salah sijine tradisi asring sinebut sedekah laut "Larung Sesaji". Upacara kasebut dileksanakake seminggu sawise riyaya.
Saben dhaerah mesti duweni budaya utawa tradisi, nanging wujude lan cirine kuwi manut tatanan kang bisa disumurupi. Taun iki beda kara taun-taun sakdurunge, sedekah laut tahun 2014 karamekake mawa akeh kesenian lan hiburan kang ndadekake regeng. Bisa dadi penglipur kanggo pengunjung warga masyarakat ing Desa Bendar lan sakiwa-tengene.

Sesaji diarak tumuju segara
Miturut katrangane ketua panitia H. Ridwan Jamari, kang uga pengusaha kapal lan anggota DPRD PDI Perjuangan mratelakake adicara larung sesaji iki biasane diadani seminggu sawise Idul Fitri yakuwi tanggal 3 dina Minggu Wage. Nanging diundur, jalaran sugesti saka para nelayan, ing tahun kepungkur dianakake dina Minggu Wage ana musibah kapal ambles. “Mula banjur ngendhani dina Minggu Wage lan diundur rolas dina,” ujare Jamari.
Tradhisi Larung Sesaji iki narik kawigatening para pengunjung. Kabukten, ora kurang saka warga cacah telung ewu ngebaki panggonan. Wiwit ing Balai Desa Bendar tumuju segara, seperlu mung kepingin nonton pucuking adicara sedhekah laut Larung Sesaji.
Kawiwitan jam wolu esuk ing Balai Desa Bendar, kanthi umbul donga kang dipandhegani Kepala Desa Bendar, Sutopo, lan diampingi ketua panitia H.Ridwan Jamari saha perangkat desa. Sesaji kang arep dilarung wujude kapal cilik tiron isine endhas wedhus jangkep sikile papat, degan, kembang setaman, gedang raja setangkep, lan sega tumpeng.

Sadurunge sesaji dilarung padha ndedonga
Sawise rampung padha ndedonga, sesaji kuwi diarak tumuju segara kanthi irid-iridan maneka warna kesenian anadrum band, punakawan, thong-thong lek, kirab merah putih, lan barongan. Tekan pinggire segara sesaji kuwi diunggahake ana kapal sing wis dicepakake. Rombongan banjur padha melu munggah kapal sinambi nyekeli sesaji, tumuju tengah segara sing adohe udakara 500 meter. Banjur padha ngucap donga, lan sesaji iku dilarung.
Dene kanggo luwih meriahke tradisi sedekah laut sakwise larung sesaji uga ana akeh hiburan kesenian yakuwi lomba nangkep pitik lan lomba perahu. Ing wayah bengi digelar wayang kulit lan kethoprak.
Tradhisi sedhekah laut “Larung Sesaji” dianakake minangka rasa panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, anggone para nelayan entuk rejeki. Diajap asil kasebut bisa tansah migunani mungguhing warga kang manggon ana tlatah Bendar, jalaran kabeh pagaweyane minangka misaya mina.
(Didik)

Sesaji diarak tumuju segara

Sadurunge sesaji dilarung padha ndedonga
Tidak ada komentar:
Posting Komentar