Selasa, 16 Desember 2014

Kirab Pusaka ing Desa Demuk, Tulungagung

Demuk sawijining desa ing tlatah Kabupaten Tulungagung iku  duwe gegayuhan kawujude masyarakat ma- dani sing gemah ripah loh jinawi. Sek- tor pertanian lan pariwisata dadi keku- watan pinunjul tumraping perekonomian pendhudhuk. Demuk kang gung- gunge udakara 7 ewu jiwa, lan sumebar ing 4 padhukuhan (Demuk, Rawa Agung, Grajah Oyo, lan Kasrepan).

Demuk dadi salah sawijining desa sing dikepyakake minangka “lumbung pangane” Kecamatan Pacunglaban, jalaran saka baweraning lahan pertanian. Dhukuh-dhukuh digarap dadi percontohan sentra pertanian tadhah udan. Mula saka kuwi, salah sawiji- ning wargane ana kang kasil nggawe gejig pari untu 28. Komoditas perkebunan kayata jagung, tela kaspe, tela rambak, klapa, tebu, cengkeh uga digrengsengake.

Barisan umbul-umbul
Barisan umbul-umbul
Taun iki umure Desa Demuk ga- nep 120 taun (10 Oktober 1893-Okto- ber 2013). Mula uga ora lali banjur dipetri, ora dislameti. Geneya? Merga Desa Demuk iku desa urip, dudu desa mati. Mula anggone mahargya Hari Jadi Desa Demuk kasebut uga ge- dhen, ora climen.

Diawiti dina Kemis esuk (10 Oktober 2013) para sesepuh lan perangkat desa nyekar menyang pasareyan Astana Puralaya, Desa Demuk. Wondene sorene kirab pusaka, lan puncake Setu bengi (12 Oktober 2013) wayangan sarta ruwatan nganti esuk.


Sejarahe Desa Demuk

Bupati Syahri Mulyo nalika mbudhalake peserta kirab
Bupati Syahri Mulyo nalika mbudhalake peserta kirab
Ngrembug Desa Demuk ora bisa uwal karo “tokoh” sing asmane Raden Mas Jayeng Kusumo. Sebab, Raden Mas Jayeng Kusumo iku putrane Bupati Ngrawa Raden Mas Tumenggung (RMT) Jayadiningrat. Isih wayahe Raden Mas Tumenggung Pringgodiningrat. Klebu salah siji tedhak turune Raden Angka Wijaya nata ing Majapahit VII utawa Prabu Brawijaya V. Raden Mas Jayeng Kusumo, asma timure Raden Mas Moijan, miyos taun 1825 ing Desa Jajaran, Kecamatan Bantul, Kabupaten Karanganyar, Yogyakarta.

Ing taun 1878 Raden Mas (RM) Jayeng Kusumo ngasta dadi wedana ing Srengat sisih elore kali Brantas. Krana rama lan eyange tilas Bupati Ngrawa (saiki Tulungagung) pidalem ana sisih kidul kali Brantas, mula Raden Mas Jayeng Kusumo kerepe kondur menyang Ngrawa.

Bu Sundari nalika masrahake payung lan tumbak
Bu Sundari nalika masrahake payung lan tumbak
Ngepasi tekan Ngujang (kalebu wewengkon Ngantru) pirsa kuli-kuli sing padha nyambut gawe nggawe kreteg Ngujang kang ngubungake kutha Kediri lan Ngrawa (Tulungagung). Nalika kuwi para kuli diawasi lan dijaga dening tentara Walanda. Mandhor-mandhor Walanda kuwi wengis lan ora duwe rasa peri kemanusiaan marang kuli bangsa Indonesia.

Tuwuh prihatin lan muntab kanepsone, nanging isih bisa dipeperi sauntara. Sanajan mangkono kanggone Jayeng Kusumo, tumindake mandhor Walanda mau banget anggone ngina lan ngidak-ngidak jiwa ragane bangsa Indonesia, kalebu piyambake.

Cucuk lampah kendhi pratola (isi banyu sumber pitu)
Cucuk lampah kendhi pratola (isi banyu sumber pitu)
Adoh banget bedane, nalika piyambake dadi Wedana Srengat gawe bendungan Pakel kang bisa ngangkat ekonomine petani Desa Pakel, Pucung, lan Mayangan (saiki klebu tlatah Kecamatan Ngantru). Malah omah kawedanan uga dibangun kanthi wragat dhuwite dhewe. Nalika jejer Camat ing Bagor Nganjuk taun 1860 lan taun 1867 jinejer Wedana Nganjuk, uga kasil mbangun omah kawedanan lan bendungan kali Lo. Sakabehing pakaryan gedhe mau ditandangi kanthi gotong royong, ewasemono ora nganti nuwuhake kurban. Ora ana tembung pangancam. Ora ana pecut, gepuk, dugang kaya kang dipirsani ing kreteg Ngujang kuwi.

Ana kedadeyan kang gawe bingget lan tatune penggalih, tuwuh kemropoke kanepson Raden Mas Jayeng Kusumo nalika pirsa mandhor nyedhaki saweweh kuli kang lagi mangan sega bontrot gawan saka ngomah. Karo mbentak-mbentak lan nesu, sega mau dipyuri wedhi, ngakon supaya para kuli kuwi nyambut gawe maneh. Ora oleh mangan! Datan kuwat ngempet kanepsone lan gethinge marang bangsa Walanda, sigra Jayeng Kusumo ngunus pusaka kanthi aran Kyai Semar Mesem. Kena daya sektine pusaka mau, mandhor kang degsura mau ngadeg greg sanalika kaya tugu nganti tumekane pati.

Mas Eko Agus Iriyono (tengen) minangka narasumber
Mas Eko Agus Iriyono (tengen) minangka narasumber
Kanthi kedadeyan kuwi, Jayeng Kusumo dinyatakake luput dening pamarintah Walanda. Pates kapidana. Nanging krana Jayeng Kusumo iku isih tedhak turune raja, piyambake ora dikunjara. Mung diselong ing papan kang wingit. Diukum supaya babat alas kanthi layang ijin kang ditampa tanggal 10 Oktober 1893 kanthi nomer layang 755. Piyambake uga dipensiun saka jabatan Onderstand.

Jayeng Kusumo klakon kaselong menyang alas gung liwang-liwung, dununge ing nggunung kidul. Alas kang durung tau diambah manungsa. Isih akeh sato kewan galak lan bangsa lelembut uga mbaureksa papan kono. Janma mara Janma mati. Sapa sing wani ngambah laladan kono kudu wani mati. Lelakon mau kaya crita wayang Babat Alas Wanamarta, antara Pandawa kang diukum  Kurawa merga kalah main dhadhu.

Jayen Kusumo kang dikanthi 40 wong pandhereke wiwit mbabat alas. Ana wae kewan galak lan mahluk alus kang ngalang-alangi. Pangamuke para jin, dhemit lan bangsa lelembut mau bisa dimaklumi dening Jayeng Kusumo. Merga papan dununge didumuk, dibabati mula banjur ngamuk. Nggangu gae Jayeng Kusumo lan para pendhereke.

Barisan dupa (ratus)
Barisan dupa (ratus)
Saka kasekten lan aji kasantikan sarta jaya kawijayan kang diduweni Jayeng Kusumo, sakabehing pepalang mau kasil kasirnakake. Papan pangamuke para dhemit mau dening Jayeng Kusumo diparingi tetenger Demuk. Demuk saka tembung dhemite ngamuk. Desa Demuk saiki dadi reja, nduweni patang pandhukuhan yaiku dhukun Demuk, Kasrepan, Gajah Oyo, lan Rawa Agung.

Raden Mas Jayeng Kusumo seda rikala 22 Desember 1903 kasarekake ing pasareyan Astana Puralaya, Desa Demuk kalebu laladan Kecamatan Pucanglaban, udakara 30 kilometer sisih kidule kutha Tulungagung saiki.

Minangka pangaji-aji lan tandha pangeling-eling, pamarintah dhaerah migunakake asmane Raden Mas Jayeng Kusumo mau dadi arane dalan gedhe antarane Tulungagung tekan Ngantru (tapel watese Kediri) kanthi jeneng dalan Jayeng Kusumo.


Kirab Pusaka

Kang kapatah nggawa kembang pitung warna kenya ayu pinilih cacah pitu
Kang kapatah nggawa kembang pitung warna kenya ayu pinilih cacah pitu
Pusaka sing dikirab ing Desa Demuk, Kecamatan Pucanglaban, Kabupaten Tulungagung dhek dina Kemis, 10 Oktober 2013 kepungkur cacahe ana telu.

siji, arupa keris dapur sempana, jenenge Kyai Sepaner. Sepaner saka tembung sempana bener. “Sepaner” iku basa Walanda, tegese “kaku”. Pusaka iki kanggo perang (kawibawan). Krana kanggo perang, bilahe landhep kabeh (maksude iringan kiwa, tengen lan pucuke padha landhepe). Pusaka iki sing nggawa trah keturunane Raden Mas Somo Admojo.

Amarga rutene adoh ana sing sambat kesel
Amarga rutene adoh ana sing sambat kesel
Loro, arupa pedhang, jenenge Kyai Naga Reca. Wujude ula naga, buntute tumuju arah pucuk. Pamore blarak semeret, meh padha karo banyu mili. Mung bedane, yen banyu mili pedhot-pedhot, lha yen blarak semeret lurus. Samburine naga ana recane, wujude raja. Nate kanggo perang kemerdekaan ing Surabaya, sing nggawa salah sawijining pejuang (kolonel Suwandi). Sapungkure perang dibalekake. Sing nampa Raden Mas Somo Admojo. Saiki sing ngrumat trah keturunane Raden Mas Somo Admojo.

Telu, arupa keris, jenenge Sempana Blandong utawa Jalak Pamungkang Kurungan. Pamore blarak semeret, lan junjung drajat. Wujude ngesap-ngesap kaya gunung numpuk. Pusaka iki ora kanggo perang. Wong Jawa yen mastani pusaka tunggu omah.  Mula saka iku bilahe ora landhep, lan pucuke ora lincip.

Bupati Syahri Mulyo nalika rawuh ing Bale Desa Demuk
Bupati Syahri Mulyo nalika rawuh ing Bale Desa Demuk
Miturut katrangan Eko Agus Iriyono (isih trah keturunane Raden Mas Jayeng Kusumo saka garis Raden Mas Somo Admojo), katelu pusaka kasebut tinggalane swargi Raden Mas Jayeng Kusumo. Wondene kang kapatah ngrumat (pikantuk warisan) pusaka kasebut sacara turun-tumurun. Wiwit saka Raden Mas Somo Admojo nganti tekan Raden Ajeng Karsini. Mung bedane yen pusaka angka siji lan angka loro minangka pusaka warisan, dene pusaka angka telu minangka pusaka hadhiah perkawinan.

Perlu kawuningan, sing jenenge kitab pusaka iku dudu sembarang kirab, mula ya mbutuhake persiapan kang mateng lan ubarape sesaji kang komplit. Mula, kanggo persiapan upacara kirab pusaka kasebut, telung ndina sadurunge upacara wis diwiwiti kanthi nyiapake piranti utawa ubrampe sesaji arupa: banyu panguripan kang dijupuk saka Guwa Bendo saka Dhukuh Kasrepan, banyu Kali Sura saka Dhukuh Rowo Agung, banyu Belik Beji, Banyu tempuran, banyu gothekan, banyu klapa, lan banyu sumur. Kejaba iku kanggo njangkepi upacara siraman pusaka isih nggunakake maneh kembang pitung warna.

Barisan sesepuh (penghayat)
Barisan sesepuh (penghayat)
Sadurunge peserta kirab pusaka dibudhalake dening Bupati Tulungagung Syahri Mulyo saka SDN VI Demuk, isih dianakake upacara penyerahan pusaka ing Bale Desa Demuk. Diwiwiti Bu Sundari (kang kapatah ngrumat pasareyan Astana Puralaya) masrahake tumbak lan payung sarta gambar-gambar swargi keturunan Raden Mas Jayeng Kusumo marang petugas. Dibacutake Mas Eko Agus Iriyono masrahake katelu pusaka (Kyai Sepaner, Kyai Naga Reca, Sempana Blandong) marang petugas.

Rombongan Kirab Pusaka dipimpin dening  cucuk lampah kendhi pratala. Rombongan kasebut dumadi saka barisan pusaka, barisan banyu panguripan lan kembang pitung warna, barisan dupa, barisan umbul-umbul, barisan kasepuhan (penghayat), lan barisan warga, sarta barisan kesenian kang dumadi saka kesenian reog kendhang lan drum band.

Kendhi pratala (kendhi isi banyu pitung sumber) ngemu teges toya prawitosari banyu panguripan. Toya badan rohani, jasmani, loro-lorone nyawiji dadi siji.

Banyu panguripan (banyu sumber pitu) sing kapatah nggawa jaka pinilih ngantheng-nggantheng cacah pitu. Kembang pitung warna, kang kapatah nggawa kenya pinilih ayu-ayu cacah pitu. Kekarone ngemu karep, muga-muga tansah pinaringan pitulungan mring Gusti Allah Kang Maha Agung.

Barisan dupah cacah slikur (sing siji ana ngarep sing rong puluh ana mburi) nglambangake umure Desa Demuk wis 120 taun. Dupa gedhei cacah 1 ana ngarep (emane dupane keri) tegese 100, dupa cilik (ratus) cacah 20 tegese 20. 100+20=120. Dupa ngemu teges sesaji kukusing dupa kanggo sarana manengku puja semedi dhumateng Gusti Allah Kang Maha Agung.

Barisan umbul-umbul cacah 43 nglambangake dina klairane Desa Demuk. Umbul-umbul cacah 10 ana ngarep tegese tanggal 10. Umbul-umbul cacah 10 ana tengah tegese sasi 10 (Oktober). Umbul-umbul ana mburi cacah 13 tegese taun 2013. Umbul-umbul ngemu teges mumbula drajat pangkat, mujudake kawibawan. Eling-eling ngleluri budaya, napak tilas warisan leluhur, sak dumuk sak nyari bumi. Dinuli memetri, dilabuhi lara lan toh pati.

Pungkasane, sapungkure kirab pusaka iki muga-muga kahanan masyarakat ing Desa Demuk tansah ayem tentrem, murah sandhang lan pangan sarta ora kena musibah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar