Mripatku jik kober nyawang kembang-kembang ing latar sadawane lurung menyang ruwang operasi. Aku wis siyap!. keprungu tangise ibuk lirih, dene bapakku mung katon ndremimil ndonga. Mulane…
“Tega temen kowe, Aida… Aida… Aida…” swarane Haris jik lamat-lamat neng kupingku. “Aku ora perduli kowe lara apa…, aja mbok cuthel tekan semene,” swarane Haris maneh, keprungu groyok. Mbek nangis mbokmenawa.
Aku pancen emoh dadi sanggane sapa wae. Yen bapak ibu, ya mesthilah, wong aku putrane, ning yen Haris? Aku ora bisa mbayangake kepriye tangkepe kaluwargane Haris ndeleng aku sing gopokan lara ngene iki. Jantung mania, hehehe…
Salahku dhewe pancene, kenek apa nalika Haris nelakake rasa tresnane, aku mung manthuk ngiyani. Takpikir Haris paling ya akhire waleh-waleh dhewe ngadhepi aku sing ringkih awake. Nanging tibake ora, neng sekolahan Haris kadidene tameng kanggoku. Ing samubarang kegiyatan Haris sing ana sambungane karo bau suku, Haris maju ngarep dhewe makili aku.
“Kowe seneng aku, nyawang apane se Ris?” nate aku takon ngono.
“Kowe pinter, mesthi juara siji. Enak ta aku gampang nek nyonto?” jawabe entheng. Dhuh, Haris..so sweet!. Kebek dhadhaku dielem geganthilaning atiku iki.
Nganti dina iku… “Aida, kowe sih gak piya-piye dadi kanca spesiale Haris, malah akeh untunge tinimbang rugine. Nanging apa kowe ya mikirna masa depane Haris?” Mbake Haris, Mbak Iftah, nelpon.
“Apa sambungane, Mbak?” semaurku.
“Akeh, yen Haris mung mikirna kowe, sida-sida wurung olehe arep ngleboni kuliyahe neng Bandung, Haris lho kandha emoh adoh karo kowe!” Mbak Iftah nutugna ngomong. Aku dhewe klebu neng Malang.
Atiku trataban sakala. Aku kaget campur getun. Dadine sasuwene rong taun iki aku dadi malane Haris. Ora nutupi kasunyatan, sawise kenal karo Haris, laraku arang-arang malah koyok ora tau kumat.
“Aida nemu tamba sawise rumaket karo Haris, hla pikirane seneng terus…” ibu nate ngendika. Nanging aku ya ngerti bapak karo ibuku sing mung pegawe cilik njungkir walik, nyelengi dhuwit akeh kanggo ngoperasekna kelainan jantungku.
Pancen aku kudu genti mbales kabecikane Haris. Aku kudu mikirna masa depane. Mulane sakjege lulusan aku ngilang neng omahe simbah Sidoarjo, karo ngenteni jadwale operasi. Aku kudu wani mungkasi hubunganku karo Haris, ben aku ora dadi pepalang dalane Haris.
Ibuku, sing uga kanca curhat-ku, mung weling, ”Ndhuk …lair, pati, jodho, rejeki kuwi wis ana sing ngatur. Mbuh suk kapan yen Haris jodhomu, mesthi ketemu. Terserah kowe arep mutusna apa, ibu ora ngalangi, dalanmu, dalane Haris jik dawa.”
Akhire, kanthi ati tatag, Haris daktelpon.
Pett… mripatku peteng, aku dibius nggrambyange pikiranku cuthel.
Dina kapisan sawise operasi, aku wis isa ngguya-ngguyu. Krasa seger… kuwi sing dakrasakna. Aku ora ana sing nyambangi saliyane kulawargaku. Pancen iki uga salah sijine saratku. Aku emoh disambangi wong liya!. Ora ngarah kanca-kancaku ngebel,hp-ku wis dakganti kertune. Masiya tah, Haris, Haris, …ketok terus neng ngarepe mripat.
Dokter Rahman, sing ngopeni aku neng Dokter Sutomo kene, tibake asline sakabupaten karo aku. “Mung aku wis suwe neng kene, Mbak. Anakku ana loro sing neng Jombang, ngancani eyange,” ngendikane. Dokter Rahman uga crita, yen garwane uga nate gerah kaya aku, nanging sawise dioperasi waras-wiris nganti saiki.
Yen nyawang dr. Rahman ngguyu, aku dadi kelingan guyune Haris. Yen ngguyu mesthi lambene ditutupi. Ya Allah, aku kok kelingan Haris terus se?! Pengin ngebel, wis gak nyimpen nomere. Nanging batinku ngantepi, aku kudu kuwat marang apa sing wis daktekadi.
Esuk iki dina terakhir neng rumah sakit. Aku nyawang tanggalan. Mesthine Haris saiki wis neng Bandung, yen ngelingi jadwal sing tau dakweruhi neng surat penerimaane kae. Mbuh mara-mara eluhku dleweran, ngelingi ucapku pungkasan nang Haris kang nylekit.
“Aida…” keprungu swara saka mburiku. “Swarane…?” batinku.
“Kowe wis sehat?”
Iki koyoke swarane Haris. Aku noleh… Haris temenan!
Haris dakgapyuk, eluhku dleweran. Aku kangen, kangen temenanan.
“Kendel men medhot tresnaku… saiki sapa sing kelangan?” Haris ora gelem ngguyu.
“Kuliyahmu?” takonku karo kamisesegen.
“Ora ana masalah karo kuliyahku, aku wis mari daftar ulang?” jawabe Haris teges.
“Aku lara-laranen, Haris…”
“Aku wis ngerti. Gara-gara telpone Mbak Iftah ta? Perkara laramu ora masalah, ben diopeni bapakku?”
Neng lawang daksawang bapak, ibu, dr.Rahman ngguyu bebarengan.
“Sing penting, atimu rak kanggo aku Dhien?”
Aku manthuk, tanganku digegem kenceng. (*)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar