Selasa, 23 Desember 2014

Meneng-meneng Seneng

Dhuh piye iki. Apa iki sing jenenge tresna?  Dudu! Ora mungkin aku tresna marang bocah lanang kuwi. Bocah sombong sing kerep gonta-ganti pacar. Playboy!
***
Kabeh bocah lanang kuwi padha wae. Isane mung gawe lara ati. Jarene tresna, nyatane lunga karo wadon liya.
Tresna? Mbuh. Aku sih cuek wae karo babagan mengkono. Sing penting saiki madhep mantep ning sekolah. Aku wis kelas telu SMA. Arep Ujian Nasional. Ora kena mikir liyane.
Mbuh piye. Kenapa bocah wadon ning sekolahanku bisa gampang diapusi karo bocah lanang sing jeneng Bagus. Apa amerga Bagus kuwi nggantheng lan su­gih? Nanging mbok ya kudu isa mikir ta, apa gelem atimu digawe dolanan? Atimu digawe lara.
Sak ngertiku pacarane Bagus ora tau keliwat teka sesasi. Iku niat pacaran apa mung golek koleksi mantan?
***
Apes tenan!
Kenapa aku bisa sak kelompok karo Bagus. Piye iki. Aku wis protes karo Bu Wi­wid, nanging Bu Wiwid tetep puguh karo keputusane.
“Ora bisa ditawar maneh. Tugas nulis cerita nganggo aksara Jawa kuwi dadi tugas ujian praktek pelajaran Bahasa Ja­wa. Sapa sing ora nggarap, ora entuk nilai.”
Ngimpi apa aku dhek bengi? Kenapa bocah lanang sing paling tak gethingi iki malah dadi kelompokku?
Bel ngaso muni. Bocah-bocah sak kelas banjur metu teka kelas. Ana sing lungguh ing bangku ngarep kelas, ana sing langsung mlayu nyang kantin. Aku tetep lungguh ning bangkuku. Aku stres mikir tugas kuwi. Ora perkara nulis ak­sara Jawa. Tapi perkara Bagus.
“Lan, mengko sore nang omah tah ora?”
Ujug-ujug ana suwara ing ngarepku. Banjur aku ndhangak, pengin ngerti su­warane sapa kuwi.
Aku kaget banget. Astagfirulloh… bo­cah kuwi ujug-ujug ngadeg ing ngarepku. Ngguyu pisan. Elek tenan!
“Lapo kowe ujug-ujug muncul kaya setan?” takonku setengah mangkel.
“Bocah nggantheng kaya artis ngene kok diarani setan. Piye? Mengko sore nang omah ta? Aku arep dolan rono, nggarap tugas kuwi.”
“nDak, ndak, ndak” jawabku cepet. “Aku arep lunga!”
“Lha terus kapan nggarape tugas ku­wi?” takone maneh sok ngurusi.
“Gampang, mengko tak garape dhe­we. Kowe ndak usah melu-melu. Mung titip jeneng wae.” Jawabku kethus. Piye maneh? Daripada aku nggarap karo bo­cah kuwi, mendhing tak garap dhewe. Luwih aman.
“Lho kok ngono. Aku yo pengin ngga­rap lo.”
Dhuh Gusti… opo sih sing dikarepna bocah iki? batinku ngresula.
“Omahku cilik. Ora ana panggonan kanggo nggarap bareng” jawabku nga­sal ae.
“Yo wis. Nek ngono sesuk tak parani, nggarape ning omahku.”
“Emmohh …”
Durung bar olehku ngucap, Bagus mla­yu metu. Apes! Iki bocah ora mung playboy, jebule nggethingna uga.
***
Iki bocah bener-bener kaya setan. Wa­yah sore, ujug-ujug dheweke teka te­nan ing omahku. Ijin karo ibuku, ngajak aku nggarap tugas bareng. Ibuku pra­nyata ngijinke. Kepeksa, aku dibonceng Bagus menyang omahe. Kenapa ya akhir-akhir iki aku apes terus…
Sik, sik, sik. Lho kok malah menggok nyang kafe. Apes maneh, jebule Bagus ngapusi.
“Gus, kok mrene? Piye ta? Jare arep nggarap tugas, kok?” Aku langsung ngamuk-ngamuk ing ndhuwur motor.
“Ngopi-ngopi sik, nggarap ning kene ya kepenak kok” ja­wabe santai. Dhe­weke mung mesam-mesem njaluk dike­plak.
Bagus langsung nggandheng tangan-ku mlebu kafe. Aku mung bisa manyun wae. Iki bocah akeh akale pancen. Licik! Kaya kancil. Mulakna bocah wadon ning sekolahku gampang digandheng.
Aku meneng wae. Bagus malah me­sam-mesem. Dhuh, esemane legit ba­nget. Eits! Sadhar, sadhar, Lan!
“Lan, sebenere aku ki naksir karo kowe lo Lan. Ket kelas siji kae. Nanging kowe terus ngedohi aku.”
Dheg, aku kaget. Ngomong apa bocah iki? Wis edan menawa. Aku meneng wae.
“Lan, sebenere aku ora playboy. Aku ora tau pacaran karo bocah wadon ing sekolahan. Mung cedhak wae, tanpa status. Sing tak taksir mung kowe. Wulandari. Kowe gelem ora Lan upama dadi pacarku?”
Aku malah saya dheg-dhegan. Rasane asli ora karuan. Bener bocah iki nggantheng. Nanging aku ora seneng kela­kuane. Dhuh, apa sing tak tindakna iki? Apa satemene aku uga duwe rasa seneng marang dheweke? Gethingku marang deweke mung merga kerep nyawang dheweke cedhak karo bocah wadon liya? Ah mbuh aku bingung! ***


Tidak ada komentar:

Posting Komentar