Senin, 15 Desember 2014

Ajur

Dina iki aku wis ora bisa nulis
Utek lan atiku mung kebak jenengmu
Budreg, judheg, mumet, nganti gendheng
Aku bingung
Pengin sambat
Nanging aku wis ora bisa sambat
Amarga atiku wis ajur
Ajur sadurunge sliramu ngerti
Telung taun anggonku ngenteni
Nanging mung kaya mangkene
Ajur...
Amung iku kang tak rasakake
(kanggo kancaku sekelas: aku mung bisa ngenteni)


Yulio M.

Majalah Panjebar Semangat No. 20 - 14 Mei 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar