Senin, 15 Desember 2014

Njaga Kasarasan Nganggo Rosela Abang

Kita wis weruh yen tanduran Rosela nduweni kasiyat lan faedah kanggo kasarasaning badan. Nyatane meh kabeh perangan tanduran mau sing kita gunakake bisa migunai kanggo njaga kasarasane awak. Salah sawiji saka akehing tanduran sing wis diweruhi masyarakat yaiku Rosela Abang. Masyarakat ngaweruhi minangka tanduran kenaf utawa rosela (Hibiscus cannabinus), tanduran kang bisa ngasilake serat karung lan Hibiscus rosanensis sing lumrah diarani kembang sepatu. Rosela Abang (Hibiscus sabdariffa) yaiku anggota kulawarga Hibiscus sing durung sepira ditepungi dening masyarakat. Mangka, tanduran iki nduweni kasiyat kanggo ngawekani mawarna-warna penyakit, wiwit kanker engga lemah syahwat. Carane gampang, cukup ngunjuk asil olahane, yaiku sirup Rosela Abang lan teh Rosela Abang.

Kanker nganti Cacingen
Rosela Abang disumurupi kanthi aran Jamaican sorrel (India Barat), Oseile Rouge (Perancis), Quimbombo Chino (Spanyol), Karkade (Afrika Utara) dan Bisap (Spanyol). Kajaba kanggo tanduran hias, kembang Rosela Abang uga digunakake kanggo bahan pangan lan omben. Perangan tanduran sing bisa diproses kanggo produk pangan yaiku kelopak (angkup) kembange. Angkup kembang tanduran iki wernane abang tuwa, kandel lan ngandhut banyu, sarta akeh kandhutane vitamin A lan C, uga asam amino. Angkup kembang Rosela Abang sing rasane kecut banget iki biyasane digunakake kanggo jeli, saus, teh, sirup lan manisan. Bahan penting sing dikandhut ing njerone angkup kembang Rosela yaiku grossy peptin, anthocyanin lan glucide hibiscin.
Kajaba iku, kembang Rosela Abang uga ngandhut asam organik, polisakarida lan flavonoid sing faedahe kanggo nyegah penyakit kanker, ngendhalekake tekanan darah, mbancarake ilining getih lan bebuwang.
Miturut cara tradhisional, tanduran iki akeh dimanfaatake kanggo nambani lara watuk, kesel, ngelu, lan gusi getihen. Saripati kuncup kembang Rosela Abang uga dipercaya bisa kanggo nahan kejang-kejang (anti pasmodik), anti cacing (antihelmitik) lan anti bakteri. Khasiyat liyane saka herba iki yaiku kanggo antiseptik, ngawekani lemah syahwat, penyejuk (astringet) lan ngedhunake kadar serapan alkohol.

Gampang ditandur
Ir. Sumariadi S, minangka pengrajin utawa pemilik industri pengolah sirup sing nganggo bahan alami kayadene sirup Rosela Abang iki kandha yen anggone nandur rosela ana ing plataran omahe. Sawise sawatara sasi, kembange wis padha katon mekrok. Saka kene dheweke banjur duwe karep kepengin gawe sirup kembang Rosela Abang dhewe. Sumariadi sing wis pensiun saka pegawe negeri Kabupaten Nganjuk wiwit taun 2007 kepungkur, saben dina ibut ngolah kembang Rosela Abang. Wiwitane pancen ya coba-coba, bareng dirasakake asile enak lan laris padolane, banjur tanduran roselane diakehi. Saiki dheweke saben dina wis bisa ngasilake sirup rata-rata 100 botol. Nampa pesenan.
Sirup sing diwadhahi botol mau didol kanthi rega Rp 10.000 lan dipasarake engga kutha Malang, Surabaya lan Jakarta. Kanggo nyukupi kebutuhan bahan bakune, Pak Mar mangkono paraban akrabe Sumariadi, saiki wis nandur Rosela Bang udakara 100 wit ing sakiwa-tengene pekarangane. Malah saiki wis dikembangake maneh menyang lemah liya kang ana ing sajabane omahe.
"Beda karo tanduran kenaf utawa rosela kuning, Rosela Abang durung ana sing mbudidayakake kanthi komersiil," kandhane Pak Mar nalika dipethuki ing daleme mentas iki. Bab iku sing nyebabake dheweke ora wani njagakake bahan baku saka lokal. Kiriman bahan saka njaban kutha kaya Kediri, wis dadi langganane yen ana pesenan akeh. Manut katrangane Sumariadi, Rosela Bang iki gelem kembang sawise telung sasi ditandur. Tanduran sauwit bisa ngasilake angkup kembang garing udakara rong kilogram. Kanggo gawe sirup Rosela Abang, kembang rosela diundhuh lan angkupe dioncek. Sawise dionceki, angkup kembang Rosela Abang teles iki mung dadi udakara 300 gram utawa telung ons. Banjur yen wis dipepe, kembang iki susut bobote kari 30 gram. Ya kembang garing iki kang dadi bahan bakune gawe sirup Rosela Abang. Kanggo ngasilake sirup 12 liter dibutuhake angkup Rosela Abang garing kehe 200 gram, banyu 8 liter lan gula putih 12 kilo. Sekabehe bahan kasebut banjur digodhog nganti umub terus disaring, Sawise kuwi, sirup sing rasane legi kecut iku siyap diwadhahi botol lan wis bisa unjuk minangka omben kasarasan. Dene takerane, ya sacukupe lumrahe wong ngombe kae. Sauger ajeg, insya Allah sing duwe lara bisa enggal saran. Muga-muga.

(Atim Swasono, SP)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar