Selasa, 23 Desember 2014

Gundhul-gundhul Pacul

Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan

Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul glempang segane dadi sakratan

Wakul glempang segane dadi sakratan

Javenglish: Javanese English

This bengi near subuh, the mendung is gumandul on the sky.

The gluduks sound jlegar jleger like mercon.


The lightning mak klelap many times.

My memean is miber up to my window because kesebul the wind.


The trees geal-geol also almost fall.


The rain sound kemrocok nang nduwure roof.


It is very danger...

Now i'm afraid celingukan alone while crying-crying in my room...

I miss you so much my junjungan heart.. Instead of lholhak-lholhok alone, I heard sound of klenengan... I'm getting curigo... I'm checked it out... Damn, it was hot wedang jahe... I'm running jumpalitan through wedang jahe seller, then I call him sak mug beg... then I sruput it until entek... now I'm heavily mbleneg..

Tuladha Cangkriman

1. Burnas kopen: Bubur panas kokopen
2. Buta buri: Tebu ditata mlebu lori
3. Gerbong tulis: Pager kobong watune mendhelis 
4. Gowang pelot: Jagone ana lawang cempene mencolot 
5. Itik pertis ibu perbeng ijah perlong: Tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng, tai gajah mempergolong
6. Kablak ketan: Nangka tiba ning suketan
7. Kicak ketan: Kaki macak iket-iketan 
8. Langdikum ditasbir: Lulang dikum dientas njebibir 
9. Ling cik tu tu ling ling yu: maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu 
10. Manuk biru: Pamane punuk bibine kuru

11. Abang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan 

      Jawaban: batu bata
12. Ana titah duwe gulu tanpa sirah, suwe silit nanging ora tau bebuwang
      Jawaban: botol
13. Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk
      Jawaban: Bunga (jantung) pisang
14. Bocah cilik blusak blusuk nang kebon 
      Jawaban: Jarum
15. Bocah cilik nggendong omah
      Jawaban: Siput
16. Dicakot bongkote sing kalong pucuke
      Jawaban: rokok
17. Dijupuki malah dadi mundhak gedhe
      Jawaban: Orang menggali lubang.
18. Duwe rambut ora duwe endhas
      Jawaban: Jagung
19. Dikethok malah tambah dhuwur
      Jawaban: Celana panjang
20. Emboke diidak idak anake dielus-elus
      Jawaban: tangga bambu


Basa Krama Cangkem

Ana sawijining murid SD sing tekon karo gurune sing ndilalah lagi rada nesu. Pas muride kuwi tekon karo gurune, Pak Guru kuwi lagi mangan neng kantin, tanpa sadhar yen ana upa neng tutuk'e.

Murid: "Pak Guru, bahasa kramane cangkem niku napa?"

Amarga ora kepenak atine, Pak Guru njawab nganggo basa sing sak karepe.

Pak Guru: "Cocot...!" 
Murid: "Nuwun sewu cocotipun Pak Guru wonten upane!"
Pak Guru: "???"



http://www.ketawa.com/2014/12/10800-basa-krama-cangkem.html

Meneng-meneng Seneng

Dhuh piye iki. Apa iki sing jenenge tresna?  Dudu! Ora mungkin aku tresna marang bocah lanang kuwi. Bocah sombong sing kerep gonta-ganti pacar. Playboy!
***
Kabeh bocah lanang kuwi padha wae. Isane mung gawe lara ati. Jarene tresna, nyatane lunga karo wadon liya.
Tresna? Mbuh. Aku sih cuek wae karo babagan mengkono. Sing penting saiki madhep mantep ning sekolah. Aku wis kelas telu SMA. Arep Ujian Nasional. Ora kena mikir liyane.
Mbuh piye. Kenapa bocah wadon ning sekolahanku bisa gampang diapusi karo bocah lanang sing jeneng Bagus. Apa amerga Bagus kuwi nggantheng lan su­gih? Nanging mbok ya kudu isa mikir ta, apa gelem atimu digawe dolanan? Atimu digawe lara.
Sak ngertiku pacarane Bagus ora tau keliwat teka sesasi. Iku niat pacaran apa mung golek koleksi mantan?
***
Apes tenan!
Kenapa aku bisa sak kelompok karo Bagus. Piye iki. Aku wis protes karo Bu Wi­wid, nanging Bu Wiwid tetep puguh karo keputusane.
“Ora bisa ditawar maneh. Tugas nulis cerita nganggo aksara Jawa kuwi dadi tugas ujian praktek pelajaran Bahasa Ja­wa. Sapa sing ora nggarap, ora entuk nilai.”
Ngimpi apa aku dhek bengi? Kenapa bocah lanang sing paling tak gethingi iki malah dadi kelompokku?
Bel ngaso muni. Bocah-bocah sak kelas banjur metu teka kelas. Ana sing lungguh ing bangku ngarep kelas, ana sing langsung mlayu nyang kantin. Aku tetep lungguh ning bangkuku. Aku stres mikir tugas kuwi. Ora perkara nulis ak­sara Jawa. Tapi perkara Bagus.
“Lan, mengko sore nang omah tah ora?”
Ujug-ujug ana suwara ing ngarepku. Banjur aku ndhangak, pengin ngerti su­warane sapa kuwi.
Aku kaget banget. Astagfirulloh… bo­cah kuwi ujug-ujug ngadeg ing ngarepku. Ngguyu pisan. Elek tenan!
“Lapo kowe ujug-ujug muncul kaya setan?” takonku setengah mangkel.
“Bocah nggantheng kaya artis ngene kok diarani setan. Piye? Mengko sore nang omah ta? Aku arep dolan rono, nggarap tugas kuwi.”
“nDak, ndak, ndak” jawabku cepet. “Aku arep lunga!”
“Lha terus kapan nggarape tugas ku­wi?” takone maneh sok ngurusi.
“Gampang, mengko tak garape dhe­we. Kowe ndak usah melu-melu. Mung titip jeneng wae.” Jawabku kethus. Piye maneh? Daripada aku nggarap karo bo­cah kuwi, mendhing tak garap dhewe. Luwih aman.
“Lho kok ngono. Aku yo pengin ngga­rap lo.”
Dhuh Gusti… opo sih sing dikarepna bocah iki? batinku ngresula.
“Omahku cilik. Ora ana panggonan kanggo nggarap bareng” jawabku nga­sal ae.
“Yo wis. Nek ngono sesuk tak parani, nggarape ning omahku.”
“Emmohh …”
Durung bar olehku ngucap, Bagus mla­yu metu. Apes! Iki bocah ora mung playboy, jebule nggethingna uga.
***
Iki bocah bener-bener kaya setan. Wa­yah sore, ujug-ujug dheweke teka te­nan ing omahku. Ijin karo ibuku, ngajak aku nggarap tugas bareng. Ibuku pra­nyata ngijinke. Kepeksa, aku dibonceng Bagus menyang omahe. Kenapa ya akhir-akhir iki aku apes terus…
Sik, sik, sik. Lho kok malah menggok nyang kafe. Apes maneh, jebule Bagus ngapusi.
“Gus, kok mrene? Piye ta? Jare arep nggarap tugas, kok?” Aku langsung ngamuk-ngamuk ing ndhuwur motor.
“Ngopi-ngopi sik, nggarap ning kene ya kepenak kok” ja­wabe santai. Dhe­weke mung mesam-mesem njaluk dike­plak.
Bagus langsung nggandheng tangan-ku mlebu kafe. Aku mung bisa manyun wae. Iki bocah akeh akale pancen. Licik! Kaya kancil. Mulakna bocah wadon ning sekolahku gampang digandheng.
Aku meneng wae. Bagus malah me­sam-mesem. Dhuh, esemane legit ba­nget. Eits! Sadhar, sadhar, Lan!
“Lan, sebenere aku ki naksir karo kowe lo Lan. Ket kelas siji kae. Nanging kowe terus ngedohi aku.”
Dheg, aku kaget. Ngomong apa bocah iki? Wis edan menawa. Aku meneng wae.
“Lan, sebenere aku ora playboy. Aku ora tau pacaran karo bocah wadon ing sekolahan. Mung cedhak wae, tanpa status. Sing tak taksir mung kowe. Wulandari. Kowe gelem ora Lan upama dadi pacarku?”
Aku malah saya dheg-dhegan. Rasane asli ora karuan. Bener bocah iki nggantheng. Nanging aku ora seneng kela­kuane. Dhuh, apa sing tak tindakna iki? Apa satemene aku uga duwe rasa seneng marang dheweke? Gethingku marang deweke mung merga kerep nyawang dheweke cedhak karo bocah wadon liya? Ah mbuh aku bingung! ***


Nyantrik Juru Kunci Goa Kreo

I. Pendahuluan
   Goa Kreo kuwi salah sijine panggonan wisata sing ana ing kutha Semarang, Jawa Tengah. Goa Kreo sing ana ning Dukuh Talun Kacang, Kelurahan Kandri, Kecamatan Gunung Pati iki diyakini minangka jejak petilasan Sunan Kalijaga wektu golek kayu jati kanggo mbangun Masjid Demak. Miturut legenda, Sunan Kalijaga ketemu karo kethek, kethek kuwi didhawuhi Sunan Kalijaga njaga kayu jati kuwi. Tembung "Kreo" asale saka tembung Mangreho sing tegese peliharaa utawa jagaa. Tembung iki sing gawe goa iki disebut Goa Kreo lan sejak kuwi kethek-kethek iki dianggep minangka penunggu Goa Kreo.
   Saben taun ning Goa Kreo ana tradisi Ritual Sesaji Riwanda. Sesaji hasil bumi disusun dadi tumpeng woh-wohan kanggo pangan kethek, tumpeng sega lan replika kayu jati tiang Masjid Demak dikirab dening warga masyarakat tumuju parkiran Goa Kreo. Tradisi ini nglibatake kabeh warga.


II. Hasil Observasi

     Miturut juru kunci Goa Kreo, Mbah Sumar, ritual iki dilaksanakake rutin saben taun. Biyen, ritual iki dilaksanakake telung dina sakwise badha nanging saiki dilaksanakake pitung dina sakwise badha. Mbah Sumar wis lumayan suwi dadi juru kunci ning Goa Kreo iki. Ora ana langkah-langkah supaya dadi juru kunci. Nanging sapa wae sing arep dadi juru kunci kudu bisa nyeritakake legenda Goa Kreo, kudu siap menehi mangan kethek-kethek ning Goa, juru kunci uga kudu siap ngancani utawa ngeterake sapa wae sing arep meditasi ning Goa Kreo. Sapa wae sing arep meditasi ning kana kudu ketemu karo juru kunci Goa Kreo dhisik. Mbah Sumar ngendhika yen Goa Kreo iki salah siji panggonan sakral sing kudu dilindungi.
      Kethek-kethek ning Goa Kreo iki jinak. Dheweke uga ora kekurangan panganan amarga pemerintah kutha Semarang wis menehi anggaran dana kanggo pakanan kethek-kethek Kreo. Mbah Sumar wis biasa menehi panganan ning kethek-kethek. Kethek ning Kreo saiki ana 500 ekor. Mbah Sumar ngendhika yen kethek-kethek Kreo kaya kelompok-kelompokan (geng-gengan), yen antarkelompok ketemu, kethek-kethek kuwi kaya tawuran.



monyet_goa_kreo_gunungan_sesaji_rewanda

Iki tuladha dokumentasi saka Ritual Sesaji Riwanda. Ritual iki ora mung masyarakat sekitar Goa Kreo wae sing melu, nanging akeh masyarakat saka njaba lingkungan Goa Kreo sing melu acara iki. Walikota lan Dinas Pariwisata uga melu berpartisipasi. Acara iki dilaksanakake saka esuk tekan sore. Panggonane mulai saka Dukuh Talun Kacang, Kelurahan Kandri, Gunung Pati tekan parkiran Goa Kreo. Upacarane ning parkiran Goa Kreo. Pemerintah uga menehi anggaran dana Rp 1.200.000 - Rp 3.000.000 lan anggaran kuwi dibagikake ning masing-masing RT, amarga masing-masing RT ngetokake gunungan utawa sesaji karo kembang manggar.


Iki foto Mbah Sumar, juru kunci Goa Kreo. Mbah Sumar sing bertugas menehi donga-donga khusus wektu ritual dilaksanakake. Beliau uga ora pernah kesel menehi pangan atusan kethek Kreo.

III. Telaah
      Ning ritual iki kudu ana gunungan sing isine wooh-wohan, sega tumpeng, sega bungkus lan ketupat. Ana panggonan khusus ning njero gunungan sing dilindungi amarga arep digawa tekan puncak Kreo. Sega bungkus sing wis ana bakal dibagikake ning pengunjung nanging uga ana sing ora entuk sega kuwi amarga jumlah pengunjung luwih akeh saka jumlah sega bungkus. Ana uga sesaji (kembang-kembang) sing arep digawa ning puncak Kreo. Ana uga tari-tarian, rebana, drum band bocah-bocah sekolah sakkelurahan Kandri.
      Tujuan saka ritual iki yaiku ndonga nyuwun keselamatan, ndonga supaya masyarakat sing bercocok tanam entuk hasil melimpah.
      Pandangan Mbah Sumar tentang ritual iki yaiku ritual iki kudu tetep dilaksanakake saben taune supaya generasi penerus tetep ngerti lan bisa melu partisipasi njaga Goa Kreo lan sekitare serta kenal tradisi iki.
      Pandanganku tentang ritual iki yaiku ritual iki apik. Kudu terus dilaksanakake. Amarga lewat ritual iki masyarakat uga melu ndongakake keselamatan kethek-kethek ning Goa Kreo. Lewat ritual iki kabeh sing melu ritual iki bisa mbantu pemerintah ngenalake Goa Kreo ning masyarakat luas.

IV. Penutup
      1. Kesimpulan
      Ritual Sesaji Riwanda iki kalebu salah siji tradisi sing kudu dilaksanakake amarga ning ritual iki ana tujuan, makna, kekarepan kauripan sing luwih apik kanggo manungsa lan flora-fauna. Iki uga salah siji tradisi jawa sing kudu tetep dilestarikake.
      2. Saran
      Para generasi penerus bangsa, khususe pemuda-pemudi sing manggon ning Jawa Tengah kudu tetep duwe rasa lan kepengenan kanggo melu partisipasi ning acara ritual iki senadyan mung dadi peserta tok. Saengga ritual iki ora mung wong tuwa tok sing ngerti nanging kabeh kalangan uga ngerti ritual iki.





Upacara Cukur Rambut Gimbal

Ing Dieng, ana tradisi rutin saben taun yaiku upacara ruwatan cukur rambut gimbal bocah-bocah. Acara taunan iki terkenal tekan mancanegara. Miturut kepercayaan, acara ruwatan iki ana kaitane karo legenda Kyai Kolodete. Kyai Kolodete iki pendiri Kabupaten Wonosobo sing pertama ngadakake upacara ruwatan sakdurunge nyukur bocah-bocah sing rambute gimbal, amarga konon bocaj-bocah sing rambute gimbal kuwi dianggep bisa nggawa musibah, nanging yen diruwat bocah-bocah kuwi dipercaya bisa nglancarake rejeki. Yen bocah sing dicukur ora nglakokake ruwatan dhisik, banjur rambut sing tukul sakwise dicukur bakal tetep gimbal lan bocah kuwi bisa lara-laranan.

Upacara kuwi dilakokake adhedhasar weton (dina laire bocah) ananging upacara dilaksanakake diitung adhedhasar neptu (nilai lair bocah sing diruwat) karo persiapan khusu kayata panggonan upacara lan barang-barang sesaji. Sesaji sing biasane disiapake kanggo upacara iki yaiku tumpeng, ingkung pitik (pitik gedhe utuh), gunting, mangkok lan banyu sing isine kembang setaman, beras, dhuwit 2, payung, tumpeng putih karo dihiasi woh-wohan sing ditancepake, jajanan pasar karo 15 macem ombe kayata kopi legi lan pit, teh legi lan pait, selasih, susu, jawawut lan apa sing dijaluk bocah sing arep diruwat. Panggonan upacarane ning Goa Semar sing ana ing area obyek wisata Telaga Warna.

Acara ruwatan iki dibuka karo sambutan salah siji pelaksana upacara. Sakwise sambutan, prosesi upacara dimulai. Diiringi gamelan, sang dukun mulai ngadusi bocah sing rambute arep dicukur. Banyu sing dinggo karo dukun kanggo ngadusi bocah iki dijipuk saka sumber mata air sing dianggep bertuah ning Dieng, Wonosobo, Jawa Tengah. Sakwise diadusi, sesaji-sesaji sing arep dinggo wektu prosesi upacraa ruwatan disiapake. Tumpeng dianggep sirah, dene untaian woh-wohan minangka rambut gimbale. Ana pitik kampung sing wis digoreng (bakakak), jajanan pasar karo 15 ombenan.

Sakwise sesaji lengkap, banjur sang dukun ndonga, banjur ngasapi sirah bocah sing arep dicukur nganggo asap kemenyan sing wis didongakake. Sakwise kuwi, dukun nyukur rambut gimbal bocah kuwi nanging sakdurunge dicukur sang dukun nglebokake cincin sing dianggep magis ning tiap helai rambut gimbal bar kuwi dicukur siji-siji.

Rambut-rambut sing wis dicukur mau dibungkus nganggo kain putih terus dilarung ning Telaga Warna utawa kali sing ana ning Dieng.




Senin, 22 Desember 2014

Jaranan

Jaranan- jaranan, jarane jaran teji

Sing numpak ndoro bei

Sing ngiring para mentri

Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung

Jeg-jeg gedebuk krincing

Gedebug jedher

Gedebug krincing

Jeg-jeg gedebuk jedher


Sluku-sluku Bathok

Sluku-sluku bathok

Bathoke ela-elo

Si Rama menyang Solo

Oleh-olehe payung motha

Mak jenthit lolo lobah

Wong mati ora obah

Nek obah medeni bocah

Nek urip goleka dhuwit



Daktitipake Sakabehe

daktitipake dina-dina tembe
marang lakune srengenge
tumrap pakulinan-pakulinan
kang wis kadhung dadi kabudayan
muga ora poyang-payingan
benteyongan kabotan sanggan

marang girise kahanan
mesthine ora kena kanggo titikan
saben jaman nggawa owah-owahan
saben kahanan ngusung jalaran

daktitipake wengi marang rembulan
nalika panglong mung sauntara
daktitipake wengi marang lintang-lintang
iku tandha langit
durung kaling-kalingan


Majalah Panjebar Semangat No. 41 - 8 Oktober 2011

Yen Wis Getun

Getun  kuwi  pancen panggone ana mburi. Yen ana ngarep jenenge dudu getun. Samubarang kang wis kebacut, ora ana gunane kanggo digetu-ni. Arepa ditangisi kaya apa tetep ora bisa mbalekake kahanan kaya wingi uni. Barang kang digetuni kudu didadekake ka­ca benggala. Saora-orane bisa kanggo ngilo amrih kadadeyan kawuri ora diba­leni maneh ing dina candhake.
Awan kuwi sakehe mahasiswa padha ngebaki prin-prinan kang manggon ana pojokan prapatan gang siji. Tujuwane ora liya mung ngeprin skripsine dhewe-dhewe. Yen ana sing kurang pener bisa diedit ana kono. Firda, salah sijine maha­siswi jurusan pendhidhikan basa lan sas­tra Jawa rada gupuh anggone nata hala­man skripsine. Kamangka saka kos-kosan wis ditata kanthi bener lan manut saka prentah buku pedhoman. Ora ngertine tekan prin-prinan isih ana sing kurang pener.
“Wis ta Da, sing mbokgetuni ki apa? Iki kesempatan terakhir aja mbokjarne wae. Pokoke Oktober awake dhewe kudu bisa wisudha,” kandhane Kiki nyoba ngyakinake Firda.
“Iya ancene salahku dhewe. Ora ket biyen-biyene skripsi iki dakcandhak. Ba­reng wis mepet arep yudhisium lagi ke­dandapan,” semaure Firda nggetuni lela­kone.
“Hlo, pancet digetuni maneh. Ora bisa Juni kan isih bisa Oktober ta wisu­dhane?” sepisan maneh Kiki ngandhani.
Pancen yen wis getun kuwi lagi krasa salahe. Firda nggetuni wektune kang sa­suwene iki mung digunakake kanggo do­lan-dolan wae. Kuwajibane kanggo ngram­pungake skripsi ora ditindakake. Kamangka kanca-kancane padha seng­kud anggone nggarap skripsi. Yen Firda dielingake kancane, wangsulane mung mengko dhisik. Ora mokal yen wisudhane uga mengko dhisik kang ateges mundur, ora bareng-bareng kancane ing sasi Juni.
Saliyane wisudhane mundur, Firda uga kepeksa ora bisa mulang kaya kan­ca-kancane kang wis oleh panggonan. Ing pertengahan sasi Juli, taun ajaran anyar wis diwiwiti. Kamangka ing dinane kuwi guru basa Jawa kang linier akeh sing mbutuhake, jalaran kudu nyalaras­ake karo kurikulum anyar yaiku piwula­ngan basa Jawa wajib diwulangake wi­wit SD nganti SMA utawa SMK.
Nalika kanca-kancane padha ubet nglebokake lamaran, Firda babar pisan ora maelu, kepara malah ayem-ayem ati­ne. Mula bareng wektune wis mepet, dheweke lagi bingung.
Sakjane ngono perkarane mung se­pele. Ing pungkasane sasi Januari ke­pungkur, antarane Firda lan Rendra, kan­ca atine kang kuliyah ana ing Bandung pedhot sesambungane. Adohe jarak lan ora anane wektu kanggo sesambungan kuwi kang dadi jalarane. Kanggone Firda, pedhote sesambungane kuwi ndadekake samubarang kang diadhepi uga melu buyar, klebu kuwajibane ngrampungake skripsine. Ingatase lagi konsentrasi ngga­rap skripsi la kok ketaton atine. Ya perkara iki kang dianggep dadi jalarane ora bisa tenanan anggone nggarap skripsi.
“Saiki sing penting skripsimu wis di­jilid dhisik, Da. Masalah Rendra ora usah dipikir maneh. Wis ora jamane maneh gara-gara putus trus dadi nglokro. Ora ana gunane Da. Sing ana malah rugi kang­go awakmu dhewe. Ya ta?”
“Iya Ki, matur nuwun banget ya. Sa­suwene iki wis mbokewangi. Yen awak­mu ora nerusake S2 neng kene, aku bingung kudu njaluk tulung sapa…” atur panuwune Firda.
“Halah, kanca ki endi sing ana Da. Pikiren skripsimu dhisik. Iki nguber wek­tu lo. Durung mengko nyuwun tandha tangan dhekan barang. Mengko yen wis rampung urusane kabeh, ndang nyoba gawe lamaran, sapa ngerti isih ana se­kolahan kang bisa nampa. Jalaran bu­tuhe guru basa Jawa wektu iki akeh ba­nget lo.”
Ora krasa, wektu wis nyandhak ing sasi Oktober. Ing tanggal sewelas, dina­ne Setu, Firda wis kasil winisudha, lan ing jenenge ketambahan gelar sarjana pendhidhikan. Kabeh kang diwisudha ing wektu kasebut padha sumringah lan ngatonake kabungah­ane. Beda karo Fir­da, senajan ing njabane bisa mesem, nanging ing njero batine tetep ora bisa mesem. Dheweke isih keduwung ngge­tuni tumindake ing wektu kepungkur. Nganti tumekane wi­sudha uga durung ana asile saka lamaran kang dilebokake. Ing pangajabe, anggone nglebokake lamaran ing sekolahan-seko­lahan sawe­tara sasi kepungkur bisoa keceluk.
Angen-angene sakawit kang nalika diwisudha bisa ditekani Rendra uga ora kelakon. Katresnane pedhot ing tengah dalan. Semono uga rencanane arep mulang ing sekolahan uga durung ke­lakon. Kagawa saka lara atine ndadekake samubarang kang wis dirancang dadi buyar mung gara-gara perkara kang sepele. Yen wis getun, Firda banjur bisa apa? Sapungkure saka winisudha, atine tetep durung bisa legawa nampa ka­hanan kang lagi dialami kuwi.

Harisku, Atiku

Mripatku  jik  kober nyawang kembang-kembang ing latar sadawane lurung menyang ruwang operasi. Aku wis siyap!. keprungu ta­ngise ibuk lirih, dene bapakku mung katon ndremimil ndonga. Mulane…
“Tega temen kowe, Aida… Aida… Aida…” swarane Haris jik lamat-lamat neng kupingku. “Aku ora perduli kowe lara apa…, aja mbok cuthel tekan se­mene,” swarane Haris maneh, keprungu groyok. Mbek nangis mbokmenawa.
Aku pancen emoh dadi sanggane sa­pa wae. Yen bapak ibu, ya mesthilah, wong aku putrane, ning yen Haris? Aku ora bisa mbayangake kepriye tangkepe kaluwargane Haris ndeleng aku sing go­pokan lara ngene iki. Jantung mania, he­hehe…
Salahku dhewe pancene, kenek apa nalika Haris nelakake rasa tresnane, aku mung manthuk ngiyani. Takpikir Haris paling ya akhire waleh-waleh dhewe nga­dhepi aku sing ringkih awake. Na­nging tibake ora, neng sekolahan Haris kadidene tameng kanggoku. Ing samu­barang kegiyatan Haris sing ana sam­bungane karo bau suku, Haris maju nga­rep dhewe makili aku.
“Kowe seneng aku, nyawang apane se Ris?” nate aku takon ngono.
“Kowe pinter, mesthi juara siji. Enak ta aku gampang nek nyonto?” jawabe en­theng. Dhuh, Haris..so sweet!. Kebek dhadhaku dielem geganthilaning atiku iki.
Nganti dina iku… “Aida, kowe sih gak piya-piye dadi kanca spesiale Haris, ma­lah akeh untunge tinimbang rugine. Na­nging apa kowe  ya mikirna masa depane Haris?” Mbake Haris, Mbak Iftah, nelpon.
“Apa sambungane, Mbak?” sema­urku.
“Akeh, yen Haris mung mikirna kowe, sida-sida wurung olehe arep ngleboni kuliyahe neng Bandung, Haris lho kandha emoh adoh karo kowe!” Mbak Iftah nu­tugna ngomong. Aku dhewe klebu neng Malang.
Atiku trataban sakala. Aku kaget campur getun. Dadine sasuwene rong taun iki aku dadi malane Haris. Ora nu­tupi kasunyatan, sawise kenal karo Haris, laraku arang-arang malah koyok ora tau kumat.
“Aida nemu tamba sawise rumaket karo Haris, hla pikirane seneng terus…” ibu nate ngendika. Nanging aku ya ngerti bapak karo ibuku sing mung pegawe cilik njungkir walik, nyelengi dhuwit akeh kanggo ngoperasekna kelainan jan­tungku.
Pancen aku kudu genti mbales ka­becikane Haris. Aku kudu mikirna masa depane. Mulane sakjege lulusan aku ngilang neng omahe simbah Sidoarjo, karo ngenteni jadwale operasi.  Aku kudu wani mungkasi hubunganku karo Haris, ben aku ora dadi pepalang dalane Haris.
Ibuku, sing uga kanca curhat-ku, mung weling, ”Ndhuk …lair, pati, jodho, rejeki kuwi wis ana sing ngatur. Mbuh suk kapan yen Haris jodhomu, mesthi ketemu. Terserah kowe arep mutusna apa, ibu ora ngalangi, dalanmu, dalane Haris jik dawa.”
Akhire, kanthi ati tatag, Haris dak­telpon.
Pett… mripatku peteng, aku dibius nggrambyange pikiranku cuthel.
Dina kapisan sawise operasi, aku wis isa ngguya-ngguyu. Krasa seger… kuwi sing dakrasakna. Aku ora ana sing nyambangi saliyane kulawargaku. Pan­cen iki uga salah sijine saratku. Aku emoh disambangi wong liya!. Ora nga­rah kanca-kancaku ngebel,hp-ku wis dakganti kertune. Masiya tah, Haris, Ha­ris, …ketok terus neng ngarepe mripat.
Dokter Rahman, sing ngopeni aku neng Dokter Sutomo kene, tibake asline sakabupaten karo aku. “Mung aku wis suwe neng kene, Mbak.  Anakku ana loro sing neng Jombang, ngancani eyange,” ngendikane. Dokter Rahman uga crita, yen garwane uga nate gerah kaya aku, nanging sawise dioperasi waras-wiris nganti saiki.
Yen nyawang dr. Rahman ngguyu, aku dadi kelingan guyune Haris. Yen ngguyu mesthi lambene ditutupi. Ya Allah, aku kok kelingan Haris terus se?! Pengin ngebel, wis gak nyimpen nomere. Nanging batinku ngantepi, aku kudu kuwat marang apa sing wis daktekadi.
Esuk iki dina terakhir neng rumah sakit. Aku nyawang tanggalan. Mesthine Haris saiki wis neng Bandung, yen nge­lingi jadwal sing tau dakweruhi neng surat penerimaane kae. Mbuh mara-mara eluhku dleweran, ngelingi ucapku  pungkasan nang Haris kang nylekit.
“Aida…” keprungu swara saka mbu­riku. “Swarane…?” batinku.
“Kowe wis sehat?”
Iki koyoke swarane Haris. Aku noleh… Haris temenan!
Haris dakgapyuk, eluhku dleweran. Aku kangen, kangen temenanan.
“Kendel men medhot tresnaku… saiki sapa sing kelangan?” Haris ora gelem ngguyu.
“Kuliyahmu?” takonku karo kami­sesegen.
“Ora ana masalah karo kuliyahku, aku wis mari daftar ulang?” jawabe Haris teges.
“Aku lara-laranen, Haris…”
“Aku wis ngerti. Gara-gara telpone Mbak Iftah ta? Perkara laramu ora ma­salah, ben diopeni bapakku?”
Neng lawang daksawang bapak, ibu, dr.Rahman ngguyu bebarengan.
“Sing penting, atimu rak kanggo aku Dhien?”
Aku manthuk, tanganku digegem kenceng. (*)

Durung Gawe Undangan

Budhe Mangku sore iku arep ngadani pesta mahargya ambal warsane kang ka-74. Pasugatan maneka warna wis cumepak nang meja gedhe. Rancangane, pahargyan mau arep diwiwiti jam pitu.
Budhe Mangku  : “Pakne, wis jam pitu kurang limang menit kok durung ana sing rawuh ya?”
Pakdhe Mangku : “Sabar, Bune. Ngko nek wis tekan wektune rak ya dha rawuh.”

Nunggu sawetara wektu kanthi ati kemrungsung, Budhe Mangku mlaku ngalor-ngidul karo mbanda tangan.
Budhe Mangku :“Pakne… lha iki wis jam wolu kliwat rongpuluh kok tamu siji wae durung ana sing katon?”
Pakdhe Mangku :“Kok hiya ya. Lha sliramu wingi le gawe undangan jam pira?”
Budhe Mangku   :“Hah… undangan?! Matek Pakne. Aku rung gawe!” 

(Kir: FX Subroto, Sleman, Yogyakarta)

Upacara Adat Penebusing Bayi Julung Caplok

Kabupaten Lumajang isih kalebu wewengkon Provinsi Jawa Timur kang dununge cukup strategis, amarga dumunung ing antarane kutha telu, yaiku Malang, Pro­bolinggo, lan Jember. Rakyat Kabupaten Lumajang dumadi saka Suku Madura lan Suku Jawa, mula saka iku leloro bahasa dhaerah Madura lan Jawa digunakake sa­cara bebarengan. Upacara adat kang dak­aturake ing kene asale saka Desa Pen­thungbulus, Kecamatan Tempeh (cedhak karo Gunung Semeru). Upacara adat ka­sebut yaiku: “Panebusing Bayi Julung Cap­lok”, minangka perangan saka kultur Jawa kang sifate agraris banget.
Tembung “Julung” ing kamus bahasa Jawa-Indonesia (S.Prawiroatmodjo, 1981:194) ateges “wis takdir”, bakal pi­kan­tuk bilahi amarga lair ing wektu kang ora becik. Yen nitik saka kriteria wektu (Jawa-banget) bayi kang lair ing wektu kang ora pas, kaperang dumadi 6 macem:
1. Julung Kembang, bayi kang lair be­ba­rengan karo srengenge mlethek. Bayi iki ditakdirake bakal ketemu kewan galak.
2. Julung Pujut, jeneng wuku (saka sijine planet) kang ka-15 (bayi lair ing wektu kasebut).
3. Julung Sarap, bayi kang lair nga­repake surup.
4. Julung Sungsang, bayi kang lair pas jam 12 awan
5. Julung Wangi, jeneng wuku (salah sijine planet) kang ka-9
6. Julung Caplok, bayi kang dilairake ing wektu srengenge angslup.


Adhedhasar kapercayan kasebut, mula bayi “Julung Caplok” laire ing dina “Selasa Paing” kudu ditebus kanthi upa­cara mligi, supaya bisa bebas saka ma­neka ancaman ing dhuwur. Kepercayaan kang ana sambung rapete karo klairane bayi Julung Caplok yaiku karma utawa pa­ukuman krana tumindake wong tuwane. Kanthi mangkono upacara panebusan kang dimaksud kanthi tujuwan:Adhedhasar kepercayaan lokal ing dhaerah Penthungbulus, masyarakat ing kana ngyakini yen saben manungsa kang dilairake ing bumi mesthi duwe “sedulur” yaiku kakang kawah (banyu ketuban) lan “adhi ari-ari” (plasenta). Manungsa ing bumi ana ing keblat “papat” lan kang ka-5 yaiku “pancer” (pusat). Ing wektu uripe, manungsa tansah dijaga dening roh pa­momong. Roh pamomong iki jumlahe pitu, secara giliran ngancani saben manungsa kanggo njaga keslametane. Roh pamo­mong uga diyakini jinis kelamine lanang lan wadon. Pepitu roh pamomong kang njaga, jinis kelamine ora tansah padha, contone sing lanang loro, sing wadon ana lima. Bayi sing dilairake “Julung Caplok” ing dina “Selasa Paing” dijaga dening malaikat pamong (roh gaib sing njaga ma­nungsa) kang kabeh jinis kelamine wadon. Ciri bayi iki yaiku gampang kena gangguan penyakit, gampang diganggu dening lelembut lan sajinis dijanjekake dadi panganane kewan contone macan (yen ing alas), baya utawa ula (yen ing danau, kali gedhe utawa segara).
1. Nyuwun pangapura marang Gusti Allah Supaya dibebasake saka maneka tumindak dosa sakarone wong tuwa si bayi.
2. Nyuwun marang Gusti Allah supaya bayi kasebut dibebasake saka maneka bebaya kang ora dikarepake.
3. Nyuwun marang Gusti Allah supaya bayi kasebut diparingi berkah urip donya akherat, sarta umur langgeng ing bumi.

TATA URUT UPACARA
1. Wektu-wektu bayi dilairake lan per­siapan upacara
2. Upacara “Penebusing Bayi Julung Caplok”
    Bayi digawa menyang papan upacara ruwat.
    Susunan prosesi diatur mangkene:
    a. Pembabat margi/penunjuk dalan utawa cucuk laku.
    b. Dhukun lan pembantune (pemim­pin upacara)
    c. Kang kapatah nggawa “dammar kembang” dumadi saka kenya cacah pitu, minangka lambang roh pamomong bayi.
    d. Kang kapatah nggawa sesaji, kenya cacah papat.
    e. Wong tuwa bayi, simbah putri lan kakung (eyang leloro).
    f. Barongan (ing istilah seni jaranan ing Lumajang, kinaran jepaplak utawa gumbing) telung penjuru minangka lam­bang roh jahat kang ngancam pangurip­ane bayi.
   g. Kang kapatah nggawa tumpeng, wedhus kendhit, damar kembang, pisang ayu, suruh ayu, lan kambil sarta benang lawe. Wedhus kasebut minangka tebusan banjur diculake lan pungkasane kanggo rebutan masyarakat kang ngestreni upa­cara. Pawongan kang sepisanan nyekel kang duwe hak nduweni wedhus kasebut.
3. Masrahake bayi saka wong tuwa marang dhukun, saban­jure dianakake upacara ruwat utawa panebusan bayi.
4. Ngucapake donga (mantra), slametan lan ngeculake wedhus.
5. Sumbaran pa­mong.
6. Upacara pari­purna, tamu undhangan bali menyang omahe dhewe-dhewe.

Dhagelan

Alhamdulillah yen diparingi sehat, cobo wae bayangna yen suggih kabeh kabutuhan kecukupan. Nduwe omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi limo nanging yen mripate belekken lakyo ora wangun tha? Aku banjur kelingan dek dina kamis, dina iku Alhamdulillah aku sehat. Aku menyang sekolah kaya biasane,  aku sekolah ing SMP faforit yaiku SMP Negeri 1 Pengasih. Tekan sekolah aku banjur mlebu kelas, ora kroso bel wis muni, iku tandane pelajaran wis arep dilekasi. 15 menit sakdurunge pelajaran iku tadarus moco Al-Qur’an. Ora kroso anggone jam pelajaran kepisan tekan pelajaran jam ke-telu uwes rampung, saiki wektune istirahat. Aku lan konco-koncoku padha dolanan nang njeron kelas, ngrembug pelajaran karo mangan-mangan. Gandeng kanca-kancaku padha crita pengalamane dhewe-dhewe aku nduwe cerita lucu kanggo kanca-kancaku, judule : “NGADUSI KUCING” saka judule wae wus lucu, kucing kui lak kewan sing wedi karo banyu tha? Genea ngopo kog diadusi?
Ceritane ngene ana bocah cilik jenenge Andi, Andi nduwe ingon-ingon kang awujud kucing, ono ing salah sawijining dina, andi ngomong karo bapakne, “Pak, nyuwun dhuwite?” bapakne banjur takon “arep tok nggo opo to, ndi ?”, Andi njawab “ kangge tumbas RINSO (deterjen) pak” , karo sumeh Bapakne nerusake takon “ wah kog dingaren arep ngumbah klambimu dhewe?”karo rodo bingung Andi Mangsuli pitakone Bapakne, “ ngeten Pak, kula niki gadah kucing, kucinge wau mboten adus pirang-pirang dino, nah…. Kulo tumbas RINSO (deterjent) wau kangge ngadusi kucing kula.” Bapakne ngampet ngguyu “ owalahhh Andi Andi anake Bapak sing bagus dhewe kucingmu kui ojo diadusi, mengko iso mati nek tok adusi”. Andi ngeyel tetep pengen tuku RINSO (deterjent) kanggo ngadusi kucinge, “tak jamin mboten pak”, gandheng Andi ngeyel bapakne banjur menehke duit Rp1000,- “iki ndi cukup tha?” “cukup pak”.
Sakwise ngedusi kucing Andi banjur marani bapakne karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI” karo ngampet ngguyu bapakne omong “ tenan tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi banyu, lha nek tok adusi yo iso mati” Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati mboten amargo tak adusi” , “ lha terus keneng opo kucingmu ki?” pitakone bapakne marang andi. “kucing kula mati amargi kula PERES”. Kanca-kancaku podho ngguyu ger-geran nganti bel masuk wes muni. Rasane seneng banget nek iso nggawe kancaku ngguyu.

Panglaris

“Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”

Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.

“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”

“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.

“Masak piyambak, Pak.”

“Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”

“Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”

“Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?

“Kula, Paimin, Pak.”

“Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.

Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.

“Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”

“Ha ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.

“Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane bapake.

“ Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”

“Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”

“ Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.

“Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”

“Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!”

“Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”

Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.

Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.

Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.

Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.

Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.

“Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku. Resik, apik.”

Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,” Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.

Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. “Apik mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.

Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing apik,” Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.

Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene.” Bapake njelaske karepe marang Paimin.

Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan,” pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.

“Terus kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.

Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.”