Selasa, 06 Januari 2015

Kirab Apem Sewu

Kirab Apem Sewu yaiku adicara ritual syukuran masyarakat kampung sewu, Solo, Jawa Tengah, sing digelar saben wulan haji (wulan Zulhijah-kalender penanggalan Islam). Adicara iki diadakake kanggo ngenalake kampung sewu minangka sentra produksi apem. Ritual iki uga digawe minangka ungkapan syukur dhumateng Gusti amarga dhusun lan panggonan masyarakat ora kena bencana.
Tradisi iki amanah saka Ki Ageng Gribig kanggo kabeh warga kanggo gawe sewu apem lan dibagikake minangka wujud rasa syukur.
Jaman saiki, tradisi iki diwiwiti karo kirab budaya warga Solo sing nganggo klambi adat Solo, kaya kebaya, tokoh punakawan, lan kostum pasukan keraton. Bocah-bocah sekolah uga dadi peserta kirab. Dheweke nampilake marching band SD, atraksi naga, lan aneka pertunjukan tarian tradhisional lan theater.
Sewu kue apem sing wis disusun dadi gunungan iku diarak saka lapangan Kampung Sewu tekan area kampung. Acara kirab iki dilaksanakake sedina, wiwit saka prosesi nyerahake uba rampe saka tokoh masyarakat Solo kangge sesepuh Kampung Sewu ing lapangan Kampung Sewu, Solo, Jawa Tengah.




http://kebudayaankesenianindonesia.blogspot.com/2011/05/kebudayaan-dan-kesenian-jawa-tengah.html

Senin, 05 Januari 2015

Tari Merak

Tari Merak iki salah siji tarian tradhisional Jawa Tengah sing wis terkenal. Tari Merak iki nggambarake gerakan-gerakan Merak. Penari tari Merak nganggo lendang utawa jarik sing digubet ning pinggang, lendang kuwi dibentangake kaya sayap manuk. Penari uga nganggo mahkota sing bentuke sirah Merah.




Gong

Gong kalebu salah sijine alat musik tradhisional Jawa Tengah. Gong iki nandhani wiwit lan akhire gendhing. Gong uga menehi rasa keseimbangan sawise bare gendhing sing dhawa.

Ana rong macem gong, yaiku:
1. Gong gedhe
2. Gong suwukan sing ukurane sedeng. Gong gantung ukuran cilik. Kempul nandhani aksen-aksen penting ing ukara lagu gendhing.





http://gpswisataindonesia.blogspot.com/2014/09/alat-musik-tradisional-jawa-tengah.html

Kendhang

Kendhang digawe saka kayu nangka, klapa utawa cempedak. Kulite kebo digunakake kanggo bam, kulit wedhus digunakake kanggo chang. Tali kulit sing nduweni bentuk Y utawa tali rotan bisa dikencengake utawa dikendorake kanggo ngubah nada dasar.
Fungsi utama kendhang yaiku kanggo ngatur irama. Jenise kendhang ana sing cilik jenenge ketipung, sing rada gedhe jenenge kendhang ciblon utawa kebar. Sing gedhe jenenge kendhang kalih.
Kendhang kalih dimainke ing lagu utawa gendhing sing nduwe karakter alus nanging bisa uga dimainke cepet nalika wiwite lagu jenis lancaran, ladrang irama tanggung.






http://gpswisataindonesia.blogspot.com/2014/09/alat-musik-tradisional-jawa-tengah.html

Tari Bondan Payung

Tari Bondan Payung iki saka Surakarta, Jawa Tengah. Tarian iki nggambarake bocah wedok sing lagi nggendhong boneka lan lagi nggawa payung, nari ing ndhuwur kendhi sing dipidak lan ora oleh pecah. Istilah liyane tarian iki nduweni lambang ibu sing njaga anak-anake kanthi ati-ati.
Tari Bondan Payung iki wis ana wiwit taun 1960an lan dadi tarian unggulan utawa tarian sing wajib kanggo bocah wedok, kanggo nunjukake jatidirine.






http://ragambudayakita.blogspot.com/2013/07/macam-macam-tarian-khas-jawa-tengah.html

Tari Gambyong

Tari Gambyong yaiku tari tradhisional khas Jawa Tengah. Konon, Gambyong kuwi jeneng penari ayu sing urip ning zaman Kesunanan Surakarta taun 1800an. Parase sing ayu gawe penari iki terkenal tekan lingkungan kesunanan. Sinuhun Paku Buwono VI nyuwun Gambyong pentas ning lingkungan Kesunanan Surakarta.
Awale tari iki mung dipentaake ning lingkungan kesunanan minangka hiburan kangge Sinuhun Paku Buwono VI lan minangka tarian nyambut tamu kinurmatan. Nanging zaman saiki tari Gambyong bisa dadi hiburan kanggo masyarakat umum, kayata, minangka hiburan ning adicara kawinan utawa kanggo promosi budhaya Jawa Tengah.
Tari Gambyong ana telung bagian, yaiku awal, isi lan akhir utawa ning istilah tari Jawa gaya Surakarta disebut karo istilah maju beksan, beksan, lan mundur beksan. Nalika nari, penari ngetokake ekspresi wajah sing ketok wibawa lan anggun.



http://www.indonesiakaya.com/kanal/detail/tari-gambyong-

Tari Langen Asmara

Tari Langen Asmara yaiku tari tradisi gaya Surakarta. Tari iki bisa ditinjau saka sawetara segi sing bisa diamati, kayata, saka segi estetis utawa segi historis lan sak liya-liyane. Penari kapisan tari Langen Asmara yaiku Hartoyo lan Sri Atma Lestari. Tari Langen Asmara iku komposisi tari pasangan sing temane percintaan, ing tari iki ora ana konflike amarga ing tari iki nggambarake wong lanang lan wadon sing lagi memadu kasih lan lagi seneng-seneng. Hal iki sing dadi ciri khas saka tari Langen Asmara. Tema lan amanat tari iki gampang dipahami amarga penampilane diwujudake lewat gerak tari lan garapan pola lantai sing nduweni kekhasan minangka tari pasihan.




http://makalah-perpustakaan.blogspot.com/2013/04/jenis-jenis-tari-tradisional-jawa-tengah.html