Kirab Apem Sewu yaiku adicara ritual syukuran masyarakat kampung sewu, Solo, Jawa Tengah, sing digelar saben wulan haji (wulan Zulhijah-kalender penanggalan Islam). Adicara iki diadakake kanggo ngenalake kampung sewu minangka sentra produksi apem. Ritual iki uga digawe minangka ungkapan syukur dhumateng Gusti amarga dhusun lan panggonan masyarakat ora kena bencana.
Tradisi iki amanah saka Ki Ageng Gribig kanggo kabeh warga kanggo gawe sewu apem lan dibagikake minangka wujud rasa syukur.
Jaman saiki, tradisi iki diwiwiti karo kirab budaya warga Solo sing nganggo klambi adat Solo, kaya kebaya, tokoh punakawan, lan kostum pasukan keraton. Bocah-bocah sekolah uga dadi peserta kirab. Dheweke nampilake marching band SD, atraksi naga, lan aneka pertunjukan tarian tradhisional lan theater.
Sewu kue apem sing wis disusun dadi gunungan iku diarak saka lapangan Kampung Sewu tekan area kampung. Acara kirab iki dilaksanakake sedina, wiwit saka prosesi nyerahake uba rampe saka tokoh masyarakat Solo kangge sesepuh Kampung Sewu ing lapangan Kampung Sewu, Solo, Jawa Tengah.

http://kebudayaankesenianindonesia.blogspot.com/2011/05/kebudayaan-dan-kesenian-jawa-tengah.html